Kidung
KPJ 32 Swawi Sami Muji Allah
Jml bait: 0
KPJ 31KPJ 33
1
Swawi sami muji Allah,
Pangeran, Mahawlas.
Kang tansah ngluberken berkah,
Pangeran Maha wlas.
Rinten dalu datan kendhat.
tansah njangkung mring pra umat.
Swawi muji Kang Murbengrat,
Pangeran Mahawlas
2
Tan males dosa duraka, Pangéran Mahawlas.
Nging ngegungken sih-apura, Pangéran Mahawlas.
Ngantos kang Putra kinasih kinurbanaken sinalib.
Swawi muji kanthi bingah, Pangéran Mahawlas.
3
Swawi olah tresna tansah, Pangéran Mahawlas.
Pratandha sokur mring Allah, Pangéran Mahawlas.
Swawi gesang mursid yekti tinulungan Sang Roh Suci,
nulad ing tindaking Gusti, Pangéran Mahawlas.
Referensi Aransemen :
KPJ 32
KPJ 31KPJ 33