Kidung
KPJ 315 Bryayat Kang Tentrem Gesangnya
Jml bait: 0
KPJ 314KPJ 316
1
Brayat kang tentrem gesangnya,
sumarah mring Pangeran;
santosa wah tetep panggah sajroning karibedan.
Dhuh Gusti, mugi Paduka paringa
sih wilasa, darapon kula
kuwagang mudhi dhawuh Paduka.
2
Nadyan jagad peteng ndhedhet, wah sepi ing katresnan,
nanging Gusti dadya dilah, tansah sung pitulungan
3
Nadyan ardi gung selanya, lembah peteng marginya,
Gusti tansah karsa nuntun, amrih leres lampahnya.
Referensi Aransemen :
KPJ 314KPJ 316