1
Swawi prasuci nyawiji tunggal ati,
sami ngabekti memuji mring Gusti.
Ajrih, sumelang, sedhih, lan kasangsaran
ginantos kabegjan sihing Pangeran
2
Tansah ngidunga anggunggung Kang Murbengrat,
ngetang mukjijat lan gunging sih-rahmat.
Lubering berkah sing swargi tansah tumrah,
nyantosakken manah, nyirnakken semplah.
3
Di tansah ndedonga pasrah mring Sang Rama,
miwah rumantya nglawan mring panggodha.
Amrih saliring tyang kang samya nyipati,
dadya kepranan sami ndherek Gusti.