Kidung
KPJ 308 Kula Sami Sesarengan
Jml bait: 0
KPJ 307KPJ 309
1
Kula sami sesarengan kembul bujana suci,
yeku pratandhaning kurban, nggih kurbanipun Gusti.
Roti anggur ibaratnya sarira miwah rahnya.
2
Bujana suci puniki sesengkeraning Gusti,
ingkang denagem sarana ngrimat pitados kula;
temahan saged ngraosken tentrem-rahayu langgeng.
3
Kang nyawiyah bujananya tan pantes pisowannya,
kedah kanthi panalangsa nggetuni dosanira,
kalayan manteb ing manah ajrih-asih mring Allah.
4
Kembul ing bujana suci martosken sihing Gusti,
dennya anglampahi seda dados Panebus kula.
Samangke kula nekseni, dimen jagad ngugemi.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
NR 90 KPKA 197
KPJ 307KPJ 309