Kidung
KPJ 307 Kula Nika Tiyang Dosa
Jml bait: 0
KPJ 306KPJ 308
1
Kula nika tiyang dosa
lan sami tinimbalan.
Dening Gusti Kang Masuci,
mrih sami tetunggilan.
2
Kang nimbali wus nyawisi bujana ingkang suci,
ingkang suka, manah rena; mila gung kula puji.
3
Allah nrima dhateng kula punika panjerira
anggur roti kang denbukti minangka kang sarira.
4
Tiyang dosa lan duraka kang sami tinedhanan,
angger tampi wlase Gusti, samyangsang kanugrahan.
5
Gusti mulya, Kang Wilasa, kang nampi tiyang dosa,
manah kula sinucekna lan angsala santosa.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 106
KPJ 306KPJ 308