Kidung
KPJ 306 Kawula Kaparengna Sowan
Jml bait: 0
KPJ 305KPJ 307
1
Kawula kaparengna sowan
wonten ing pakempalan,
sanadya kawula mboten pantes
tampi sihpiwlas Paduka.
Awit krana kurban Paduka,
kawula sinucekken,
supados kawula kaanggep
pantes ndherek kembul bujana.
Pisowan kula kaparengna.
Roti anggur puniki sesarengan
tetagesang kang kula lampahi,
damel rena Paduka.
Lambang srira wahrah Paduka
ingkang kawula tampi,
dados srana kawula gesang langgeng
nunggil Paduka ing Kraton Swarga.
Referensi Aransemen :
KPJ 305KPJ 307