Kidung
KPJ 300 Rama Mugi Angluberna Berkah
Jml bait: 0
KPJ 299KPJ 301
1
Rama mugi angluberna berkah
wonten ing satengahing pasamuwan.
Para lare anak kawula sowan,
anampeni prasetyaning Allah.
2
Pasamuwan kadadosna suci
wonten asmanipun Rama ing Swargi.
Para lare dadosa tyang piniji,
nggih pinaringan gesang sejati.
3
Sang Roh Suci wah sabda Paduka
mugi nuntun tyang mantep ing pracaya;
wit dosanya wus linebur, binirat.
Gesangnya amung krana sih-rahmat.
4
Para lare kang nembe kabaptis
namanipun ingkang sampun tinamtu,
kanthi terang ing Kitab tinulis,
katuntuna murih gesang rahayu.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 206 NR 87
KPJ 299KPJ 301