Kidung
KPJ 30 Swawi Pra Kadang
Jml bait: 0
KPJ 29KPJ 31
1
Swawi pra kadang, disamya agirang
Disora-sora angalembana
mring Gusti kita Kang Mahawilasa.
2
Sihé Pangéran mring kita pra umat
tanpa wilangan wah tanpa kendhat.
Yogya pinuji lan pinundhi-pundhi.
3
Kita tyang dosa, nging Allah ngaksama,
krana Kang Putra sinalib séda.
Mara resepna kanthi trusing driya!
4
Sihé Pangéran yogya dèn timbangi
srana kasetyan, tresna, wah bekti.
Srahna tyasira konjuk maring Gusti!
5
Swawi pra suci temen anglampahi
préntahing Gusti. Gusti prajanji
tansah nulungi srana Sang Roh Suci.
Referensi Aransemen :
KPJ 30

Cross Reff :
KJ 308
KPJ 29KPJ 31