Kidung
KPJ 297 Gusti Karsa Nampi Lare Kang Sowan
Jml bait: 3
KPJ 296KPJ 298
1
Gusti karsa nampi lare kang sowan,
kang sinaosaken tyang sepuhira,
angupadi nyuwun mrih binerkahan,
srana tinumpangan dening astanya.
Reff
Gusti angandika, "Di kaya bocah,
anggone nduweni kratoning Allah."
2
Nanging pra sekabat sami ngawisi
lah nulya sedaya dipun dukani;
awit lare ugi kepareng sowan,
sami tinampenan klayan katresnan.
3
Pra lare adados putra prasetyan;
dene tiyang sepuh darbe kwajiban
nuntun yoganira bekti mring Allah,
ngaturken pamuji kang trusing manah.
 
Referensi Aransemen :
KPJ 297

Cross Reff :
KPKA 207
KPJ 296KPJ 298