Kidung
KPJ 296 Dhuh Gusti, Kula Ndongakaken
Jml bait: 0
KPJ 295KPJ 297
1
Dhuh Gusti, kula ndongakaken
sadhèrèk énggal punika
saged amantep ing pitados
Tobata kang trus ing driya
sampun kawon déning panggodha
Angsala idi Pangéran,
supados wilujeng nèng donya
tumekèng jaman klanggengan
2
Dhuh Gusti, kula ndongakaken
sadhèrèk énggal punika
sageda mantep ing pitobat,
sarta temen ing pracaya.
Mugi Roh Suci ngaubana
kawula sapasamuwan
supados sami lestantuna
dados kagungan Paduka.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 102
KPJ 295KPJ 297