Kidung
KPJ 295 Wit Sang Roh Suci
Jml bait: 0
KPJ 294KPJ 296
1
Wit Sang Roh Suci, kula sagedna,
martosken Injil adi Kraton Swarga.
Wit Sang Roh Suci, kula sinung daya,
nekseni Yesus Gusti, Sang Pamarta.
2
Wit Sang Roh Suci, kula wicaksana,
wijang nerangaken sabda karseng Allah.
Wit Sang Roh Suci, kawula sembada,
Nglampahi gesang tansah lembah-manah.
3
Wit Sang Roh Suci, kula datan semplah;
nadyan manggih rubeda tansah panggah.
Wit Sang Roh Suci, kula tan suwala,
jroning kinaniyaya, tetep setya.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 297 KPS 199
KPJ 294KPJ 296