Kidung
KPJ 293 Sumangga, Pra Kanca
Jml bait: 0
KPJ 292KPJ 294
1
Sumangga pra kanca
ngulukken kidung puja,
wit palimirmanya
sinungken mring manungsa.
Dene Sang Roh Suci
rawuh jroning ati,
ngenggalaken budi,
nutun gesang suci
2
Sumyaka sru ngidung nggunggung mring Hyang Maagung,
kang paring Roh Suci angenggalaken budi,
nuntun ula-tresna mring sagung sesami,
mbabarken kraharjan, nyirik kekerasan.
3
Muji tan kendhat wah ngundhangken sih-rahmat,
Sang Roh Suci uga mbelani tyang pracaya,
mrih tan badhe semplah, nging sengkud makarya,
mrih Kratoning Allah binabarna wrata.
Referensi Aransemen :
KPJ 293

Cross Reff :
KJ 232 NR 74
KPJ 292KPJ 294