Kidung
KPJ 292 Sang Roh Suci, Rohing Katresnan
Jml bait: 0
KPJ 291KPJ 293
1
Sang Roh suci, rohing katresnan,
nuntuna mring kula slaminya;
nyingkirna raos pasulayan,
amrih jagad tentrem raharja,
ngrukunken tyang kang cecongkrahan,
mbereg nilar tumindak dosa;
ngiyatken manah ingkang semplah.
Dhuh Gusti, nuntuna mring kula.
2
Dhuh Roh Suci, roh kasunyatan; nunggila mring kula slaminya,
mrih babaring karsaning Allah wah tobating tyang ambek-siya.
Labuh-labet sepi ing pamrih, nglawan panindhes klayan sih;
tan ajrih pepalang - rubeda. Dhuh Gusti, nunggila mring kula.
3
Dhuh Roh Suci, roh kaadilan, ngantia mring kula slaminya;
mbabar adiling Allah, kraharjan warata sumrambah.
Ngluwari tyang binanda dosa, nguculi jireting duraka,
ngayomi tyang ringkih wah papa. Dhuh Gusti, nunggila mring kula


Referensi Aransemen :
KPJ 292

Cross Reff :
KPS 178 KPKA 294 NKI 285 DSL 109 BLP 188

Reff Chord : KPJ 292
Chord KPJ 292
KPJ 291KPJ 293