Kidung
KPJ 288 Sang Roh Suci Dedalem Ing Ati
Jml bait: 0
KPJ 287KPJ 289
1
Sang Roh Suci dedalem ing ati,
amrih tyang gesang enggal sejati,
tumemen olah katresnan,
wah karoban kabingahan,
Sang Roh Suci dedalem ing ati.
2
Sang Roh Suci dedalem ing driya,
temahan gesang tentrem-raharja,
sabar, sareh, paramarta, kautamen dentengenna,
Sang Roh Suci dedalem ing driya.
3
Sang Roh Suci dedalem ing ati,
damel tyang pitados setya-bekti,
andhap-asor, alus-budi, saged ngemudheni dhiri.
Sang Roh Suci dedalem ing ati.
Referensi Aransemen :
KPJ 288

Cross Reff :
KPS 193
KPJ 287KPJ 289