Kidung
KPJ 287 Roh Suci Roh Sejati
Jml bait: 0
Style: FinalWaltz
KPJ 286KPJ 288
1
Roh Suci Roh Sejati, mugi rawuh ing ati
Ngenggalna manah kula, mrih ing lampah prayoga,
setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami.
wit panuntun Paduka, gesang kula sembada.
2
Dhuh Roh Suci, Roh Allah, anyantosakna manah.
Lamun karoban sisah, tatag, tanggon, tan semplah.
Manggul salibing Gusti, martosken Injil Suci.
Wit panuntun Paduka, gesang kula sembada.
3
Dhuh Roh Suci, Roh Kristus, nuwuhna manah tulus;
andum berkah kabegjan, tan mawang mring salir tyang,
temah tentrem-raharja, sumrambah mring sesama.
Wit panuntun Paduka, kula gesang sembada.


Referensi Aransemen :
KPJ 287

Cross Reff :
BE 506 KKb 165 KK 331 NP 91

Reff Style : FinalWaltz ; MM 0

Reff Chord : KPJ 287
Chord KPJ 287
KPJ 286KPJ 288