1
Krana Roh Suci dedalem ing ati,
kula tansah kinanthi;
gesang sanyata tentrem raharja,
mangkya sinungken mring kula
Ing wusananira nampi tangining raga,
kadya Sang Kristus, Gusti kang mulya.
2
Krana Roh Suci, kula mursid yekti
mbangun turut mring Gusti,
gesang sembada, unggul ing yuda;
ngawonken juliging dosa.
Ing wusananira tunggil kasampurnannya,
klayan Kristus Gusti aneng swarga.
3
Krana Roh Suci, kula temen ngudi
mbucal gesang kang lami,
sregep makarya, teguh ing karsa,
tetales bebener nyata.
Ing wusananira ndherek ing kamulyannya,
klayan Kristus Gusti aneng swarga.