1
Kristus Gusti sumengka mring swarga,
ngutus wong pracaya tansah setya,
amartakna Injil sih rahmatnya.
Kang nampenana sinungan begja.
Bra undhangna, Sang Kristus jumeneng Raja,
Kratonira tentemraharja.
2
Sang Pamarta sumengka mring swarga,
wong pracaya dadya lantarannya,
mrih kratoning Allah binabarna,
dhedhasarira sih-welas-tresna.
3
Gusti Kristus sumengka mring swarga,
ngutus wong pracaya mbudidaya
sinanira rasa memungsuhan,
mrih kebabaring gung katentreman.