Kidung
KPJ 28 Suci, Suci, Suci
Jml bait: 0
Style: EpicBallad
KPJ 27KPJ 29
1
Suci, suci, suci pinuji Hyang suci.
Allah Mahamulya kang jumeneng Raja.
suci, suci, suci pinundhi Hyang Widi
titah sadaya memuji samnya
2
Suci, suci, suci, pujining pra suci
angumandhang sora ngèbeki akasa.
Pra mlaékat sami sujud angabekti,
ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat.
3
Suci, suci, suci, Allah Mahasuci.
Gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusti.
Tetalesing bumi gonjing déning puji.
Pra makhluk wrata girang memuji.
4
Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti,
anglairken srira tumedhak mring donya,
nucèkken manungsa kang pitados yekti.
Yogya pinuji langgeng slaminya.


Referensi Aransemen :
KPJ 28

Reff Style : EpicBallad ; MM 75

Reff Chord : KPJ 28
Chord KPJ 28
KPJ 27KPJ 29