1
Taman Getsemane kang sepi, minangka seksi.
De Sang Kristus mirsani kang bakal sinandhang.
Tan ana sawiji-wijia rowang mung godhong garing tumibeng bumi
Mangkya wustumengkaning pesthi, Gusti netepi janji.
2
Taman Getsemane kang sepi, seksi sejati
riwene Gusti lir rah mili rentah nelesi bumi.
Malaekat, sawusnya nyantosani,
Gusti datan ajrih ing bilai,
ngepeng ndedonga trusing ati,
Gusti netepi janji.
3
Taman Getsemane kang sepi, seksi sejatigodhong lan kembang dadi alum wit sungkawaning Gusti.
De kekayu kudune dadi berkat,
malih dumadi salibing laknat,
jer wus dadi anteping ati,
Gusti netepi janji.