Kidung
KPJ 274 Sinten Kang Sumarah
Jml bait: 0
KPJ 273KPJ 275
1
Sinten kang sumarah mring karsane Sang Rama
miwah wus pasrah sarira tumrap tyang sadaya,
pakaryannya linampahan priyangga?
Mung Sang Putra sinangsara temah seda.
Yeku tresna kang sejati
wus binabar kalayan sampurnaneng salib suci
2
Perang sampun klampaham wonten pamenthangan,
mengsah wus kakawonaken, umat kaluwaran,
karana jumeneng Imam sampurna,
mila Gusti ngurbanken sariranya.
3
Dhuh cempening Paskah, kang wus pinenthang seda,
kula ngaturaken puji mring Paduka, Gusti;
kang mbikak kori swarga lan tyas kula,
wonten katentreman kang denalami.
Referensi Aransemen :
KPJ 273KPJ 275