1
Sakehing titah ing bumi padha giranga memuji.
Haleluya, haleluya! Surya prakosa sumunar,
candra, kartika kababar. Puji Gusti saben wanci.
Heleluya, haleluya, haleluya!
2
Angin tan kendhat lumaku,
méga lan mendhung lumintu.
Haléluya, haléluya!
Hawa ketiga ngresepi,
mangsa rendheng kang gumanti.
Puji Gusti saben wanci.
Haléluya, haléluya, haléluya
3
Banyu bening resik murni,
tambaning ngelak, ngresiki.
Haléluya, haléluya!
Geni anget gawé girang,
panggah tur awèh pepadhang.
Puji Gusti saben wanci.
Haléluya, haléluya, haleluya!