1
Panglipuring tyang prihatos, klangenan ing tyas kula.
Sakathah sumlanging batos, kasirnakken sadaya.
Sing swarga Gusti kang mulya, karsa tumedhak mriki,
nyaur pundhat utang kula, Gusti gung kula puji.
2
Iba-iba Gusti mlasi bangsa apes lan nistha.
Sing laknat Gusti ngluwari, margi sangsara seda.
Riwe, rah, waspa Paduka neng Getsemane mili.
Ngluwar kula sing ukuman, mbikak margining swargi.
3
Gusti tinuwek ing galih dening poyok kang sengak.
Bendune Allah kang adil sinanggi Gusti pyambak.
Nggirisi Gusti siniya wonten ardi Golgota,
pasrah sinalib sarira, krana jagad duraka.