Kidung
KPJ 259 Ing Ardi Golgota
Jml bait: 0
KPJ 258KPJ 260
1
Ing ardi Golgota ana salin ira
lambang ing pamoyok panyiya.
Ing kono Gustiku pinethang sangsara
nebus dosaning para jalma.
Salib iku tansah dak pundhi,
nadyan nganti tumekeng janji.
Dak rangkul kanthi trusing kalbu
makutha kang dadya duwekku.
2
Salib kang minangka lambanging panguya, tumrap aku gedhe ajine,
cempe kurban suci tumedhak ing donya, ngluwari jagad krana sihe.
3
Salib kang minangka tandhaning kanisthan, kecipratan ing getih suci.
dadi marga aku antuk kaslametan, dosa lebur wit rahe Gusti.
4
Kanthi setya nurut ing margine Gusti, nadyan aku cinacat tansah;
katuntun mring papan kang luhur sejati, nampa kaluberaning berkah
Referensi Aransemen :
KPJ 259

Cross Reff :
KMM 15 BE 412 GB 169 KK 367 NKB 83
KPJ 258KPJ 260