Kidung
KPJ 256 Gusti Sinalib Ing Golgota
Jml bait: 0
KPJ 255KPJ 257
1
Gusti sinalib ing Golgota ngrembat dosaning para jalma,
srana rah kang suci sampurna. Puji asmanya!
Swawi muji asmanya! swawi muji asmanya!
Srana rahe, kita tinebus. Puji asmanya!
2
Saiba begjaning awakku, lamun Yesus dadya duwekku,
kang angluwari saka dosa. Puji asmanya!
3
Rahe dadya tuking uripku, kang wus ngrembat sagung dosaku.
Kita rineksa kanthi setya. Puji asmanya!
4
Gya samya marek mring salibe, dimen kinumbah srana rahe.
Pasrahna jiwa-raga kita! Puji asmanya!
Referensi Aransemen :
KPJ 256

Cross Reff :
KJ 34 KK 219 NP 329
KPJ 255KPJ 257