1
Gusti neng taman Getsemane nampi siksa miwah bebendu,
nglawan pagiris ing pati, krana gunging dosaku.
Yogya nggonku nanggapi sihrahmate Gusti,
yekti amung sawiji, pracaya lan bekti.
2
Gusti Yesus siniya-siya, ginebagan sarta sinapu,
saestu nandhang sangsara, krana gunging dosaku.
3
Gusti sinami lir durjana, nir pamore Ratuning ratu,
dadya kurban tan suwala, krana gunging dosaku.
4
Gustiku sinalib ing Golgota, wit sih-trsnanya kang satuhu;
tedhak ing telenging pati, krana gunging dosaku.