Kidung
KPJ 252 Gusti Gesang Malih
Jml bait: 0
KPJ 251KPJ 253
1
Gusti agesang malih sampun ngawonaken pati.
Gusti wungu, kula nggih sestu sami badhe tangi.
Sinung gesang kang mulya,
yeku panglipur kula.
2
Gusti wungu jumeneng Ratu aneng kraton swargi.
Umatipun kang mantep, mbenjing ndherek angratoni
Gusti ingkang prasetya, yeku panglipur kula.
3
Gusti wungu, he kanca, sampun uwas-uwas malih.
Gusti dados Pantawis kang gesang, karsa anggalih
ing kaapesan kula, yeku panglipur kula.
4
Gusti wungu, supados pikekah kawula sami
salebeting panggodha dalasan ing baya pati.
Gusti tan nilar kula, yeku panglipur kula.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 78 KPKA 268
KPJ 251KPJ 253