Kidung
KPJ 249 Abdining Sang Yehuwah
Jml bait: 0
KPJ 248KPJ 250
1
Abdining Sang Yehuwah, kang sumuyud mring Allah,
yeku sang Kristus Gusti, Putra sejati.
Ngurbanken sarira, krana tresnanya,
mrih manungsa raharja, mulya neng swarga.
2
Pindha cempening kurban kang pasrah tan suwala.
Ing ngarseng pangadilan dora seksinya.
Tan mbikak lathinya, milaur seda,
tulus lila legawa dadya Pamarta.
3
Sinami lir durjana, sinalib wit duraka;
sinengitan ing jagad, tinampik umat.
Sangsara sedanya, wit ngrembat dosa,
mila tyang kang pracaya gesang raharja.
Referensi Aransemen :
KPJ 249

Cross Reff :
KPKA 251
KPJ 248KPJ 250