Kidung
KPJ 248 Tan Ana Cahya Mulya
Jml bait: 0
KPJ 247KPJ 249
1
Tan ana cahya mulya wah swara milangoni
ngendhih bingaring driya.
De Sang Putra wus prapti,
putra tunggaling Pangeran
kang nuwuhken katentreman.
Pra malaekat wewarta, ngengidung
memuja, Allah nunggil mring kita.
2
Sajagad sukarena bumi tentrem-rahayu,
pinuji Ratu Mulya karya mareming kalbu.
Mudha-wredha muji samya, "Panebus kita wus prapta!"
3
Sang Pamarta manjalma karya tentreming driya,
yeku kabegjan swarga tumrah para manungsa.
Samnya saosna pamuji binarung bungahing ati.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPJ 247KPJ 249