Kidung
KPJ 246 Sang Ratu Adil Sejati
Jml bait: 0
KPJ 245KPJ 247
1
Sang Ratu Adil sejati samangkya sestu wus prapti;
maringken tentrem raharja tumrah mring sagung manungsa.
2
Nebus dosaning pra jalma,
paring kasucening driya,
mrih samnya tersna-tinresnan,
nebihana pasulayan.
3
Nyirnakken dayaning pati,
wah malih ngenggalken budi,
mrih adil ingkang sejati
sumrambah salumah bumi.
4
Ngluberken gunging sih-rahmat,
dimen tyang dosa mratobat,
mring salir tyang ingurmatan,
ngangkat drajad kamanungsan.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPJ 245KPJ 247