Kidung
KPJ 245 Sang Pepadhang Sejati
Jml bait: 0
KPJ 244KPJ 246
1
Sang pepadhang sejati samangya wus prapti,
nyirnakna rehing pati, mrih jalma basuki.
2
Sang pepadhang sayekti wus rawuh ing bumi
mbirat kwasaning dosa, sung tentrem-raharja.
3
Sang pepadhang sanyata manjalma mangungsa
ngasoraken pepeteng, sung gesang kang langgeng.
4
Sang pepadhanging jagad rawuh sung sih-rahmat,
mrih tyang pracaya pasrah dadya putreng Allah.
5
Sang pepadhang satuhu rawuh jroning kalbu.
nenuntun tyang pracaya nulad Sang Pamarta.
Referensi Aransemen :
KPJ 245

Cross Reff :
KJ 345
KPJ 244KPJ 246