1
Sajroning pepeteng ing donya, sumunar cahya minulya
amadhangi bangsa sajagad; sadaya nampi sihrahmat.
Rawuhe nyingkirken pepeteng; sirna wayangan ing pati.
Bumi nampani gesang langgeng, krana pepadhang nelahi.
2
Nadyan Paduka amberkahi, bandha donya angluberi,
sanyata datan maedahi; tan kwasa nentremken ati.
Datan ana gunging panenan nuwuhaken katentreman
tumrap wongkang nyingkur Pangeran; koncatan ing karaharjan.
3
Samangke kita sukarena wonten ing ngarsa Paduka,
wit prasetya ingkang kinangsi wus babar wonten ing bumi.
Payo sujud mring Kang Maluhur, ngaturken pamuji sokur,
karana agunging panenan kagem bujana kaswargan.