Kidung
KPJ 241 Ratu Mulya
Jml bait: 0
KPJ 240KPJ 242
1
Ratu Mulya ngesorken sarira,
krana karsa ngruwat tiyang dosa;
nandhang papa wiwit wiyos ira;
kain lampin dados gedhong ira;
pamakaman papan sarenipun:
wit punika sestu Kang sinuhun.
2
Ratu Mulya ratu saking swarga, tedhak donya jumeneng Pantara;
ngrukunaken Allah lan manungsa; malaekat ngaturken pamuji,
de rahmatnya sumrambah sabumi, kraharjannya maring para jalmi.
3
Ratu Mulya sung tentrem-raharja, mbirat dosa nyirnakken angkara.
Tyang pitados ngudi katentreman, sowan Gusti sarwi saos kurban.
Gusti tuking pitulunganira nuntun jalma mring Kratoning Swarga.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 222
KPJ 240KPJ 242