Kidung
KPJ 235 Lintang Wetan
Jml bait: 0
KPJ 234KPJ 236
1
Lintang wetan samangkya andadari,
cahyanya gumebyar anyunari.
Wijil Paduka lir asung pawarti,
neng cakrawala panglipur ati.
2
Wonten pundi wiyosipun Gusti?
Punapa aneng panggenan adi?
Sumarene napa den aji-aji?
Napa estu niku Jrubasuki?
3
Lah suwawi sujud dhateng Gusti;
asumungkem asaos pamuji.
Amba tan darbe kang minangka bukti,
namung amba sumuyud mring Gusti.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPJ 234KPJ 236