Kidung
KPJ 233 Kanca Agiyaka
Adeste fideles / O Come All Ye Faithful,
John Francis Wade,, 1751 , 0
Jml bait: 0
KPJ 232KPJ 234
1
Kanca agiyaka! Ing kandhang Bethlehem
karawuhan Rohing Pangeran.
Sang Bayi miyos pinaringken kita.
Lah payo mrana sujud, lah payo mrana sujud
ngabekti maring Gusti, Pamarta
2
Pamartaning jagad, Putra kang tumurun
sumeleh aneng pamakanan.
Yeku wujudnya prasetyaning Allah.
3
Sang Ratuning Jagad dahat kinurmatan,
rawuhe mbabar sih-kawelasan
marang manungsa kang samnya pracaya.
4
Panebus sejati kang rawuh ing bumi
mrih manungsa sinung basuki.
Nulya sowana sarwi sumuyuda.


Referensi Aransemen :
KPJ 233

Cross Reff :
KJ 109 KPKA 216 NR 39

Reff Chord : KPJ 233
Chord KPJ 233
KPJ 232KPJ 234