Kidung
KPJ 231 Kadospundi, Dhuh Gusti
Jml bait: 0
KPJ 230KPJ 232
1
Kadospundi, dhuh Gusti, nggen kula sung urmat,
methukken klayan puji mring Ratuning jagad?
Mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci.
Salam kula ndadosna kepareng Paduka.
2
Saking dhampar kang mulya lan kluhuran swarga,
Gusti tedhak ing donya nunggil lan pra-jalma,
tumut nandhang sangsara, ngrembat kasisahan,
ngrukunken tiyang dosa dhumateng Pangeran.
3
Punapa kang njalari, dhuh Ratu kang mulya,
Paduka rawuh mriki, karsa nandhang papa?
Inggih piwlas Paduka saha palimirma,
lan katresnan Paduka dhateng tiyang dosa.


Referensi Aransemen :
KPJ 231

Cross Reff :
KJ 85 NR 21 MK 10 BE 39 KPJ 231

Reff Chord : KPJ 231
Chord KPJ 231
KPJ 230KPJ 232