1
Duk bumi kenemulan ratri, pra pangen neng ara ara,
kalawan setya tuhu samianjagi panthaning menda.
Dyan amireng mlaekat muji, ngumandhang aneng akasa;
pra pangen sami dinawuhan nglari Putra Ka swargan.
2
Prapteng Betlehem, dyan kumlepyur tempuk cahya tigasami;
sajuga king lintang ing luhur, kadwinya saking Sang Bayi
Pyur! Tempuk cahya kang katiga; cahyeng mripat kang asuka.
Dyan pra pangen tumungkul sami sujud menembah Gusti
3
Maria dahat bingah ing driya nampi gunging kanugrahan;
klayan Yusuf aneng sisahnya, ngusap mring Bayi kaswargan.
Pra pangen masrahken mendanya mring pangreksaning mlaekat,
tan tega nilar Sang Pamarta, mila tansah sung hurmat.
4
Dhuh Sang Bayi saking ngaluhur, rawuh nandhang papa nistha.
Gusti mugi nuntun kawula angambah margi Paduka.
Lah Paduka ngasta wisesa, anglungsur para pangwasa.
Nadyan agung tresnaning Gusti, donya datan nampeni.