Kidung
KPJ 22 Puji Konjuk Allah Rama
Jml bait: 0
KPJ 21KPJ 23
1
Puji konjuk Allah Rama, puji konjuk Sang Putra
Puji konjuk Sang Roh Suci, tetiganya sawiji.
Haleluya! Haleluya! Tetiganya sawiji.
2
Pinuji Ratuning swarga, Gustiné pra manungsa,
nggih Ratuning pasamuwan, Ratu sumbering gesang.
Haléluya! Haléluya! Ratu sumbering gesang.
3
Pinuji Allah Makwasa kang nitahken jagad rat,
wah milujengken manungsa, krana gunging sih-rahmat.
Haléluya! Haléluya! Krana gunging sih-rahmat.
Referensi Aransemen :
KPJ 22
KPJ 21KPJ 23