Kidung
KPJ 213 Allah Ngesorken Srira
Jml bait: 0
KPJ 212KPJ 214
1
Allah ngesorken srira, wit nglabuhi jalma.
Manungsa tan keduga ngandelken dhirinya.
Mung karana tresna, gesang tentrem raharja.
Tyang dosa pinurih tobat,
cinadhang sihrahmat.
2
Allah tedhak ing donya, wit gunging sih-trsna;
ngrukunaken manungsa klayan sariranya.
Mila tyang pracaya sami manggih raharja;
kang sami olah katresnan sinihan Pangeran.
3
Allah ngurbanken srira, wit gunging sih-rahmat.
Nimbali tiyang dosa, mrih samnya mratobat.
Swawi sami seba, nyadhong sih-palimirma,
nebihi dredah-sulaya, ngudi rukun samya.
Referensi Aransemen :
KPJ 213

Cross Reff :
KPKA 234
KPJ 212KPJ 214