1
Tiyang kang pracaya mring Gusti
tan was sumelang ing ati.
Tatag tanggon nglawan panggodha
awit Gusti kepareng ngreksa.
Reff
Amung ana telung prakara
kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti,
dalasan katresnan.
Amung ana telung prakara
kang utama ing urip kita:
pracaya, panganti-anti;
de kang pinunjul yeku katresnan.
2
Panganti sumbering kakwatan,
nyirnakken uwas lan wedi.
sumingkir salir karuwetan
lamun Gusti kang dipun anti.
Reff
3
Gedhe - gedhening sih-sutresna,
yen rilangurbanken nyawa
kanggo nglabuhi marang mitra;
yeku dhawuhe Gustinira.
Reff