Kidung
KPJ 208 Sira Kang Mandheg - Mangu
Jml bait: 0
KPJ 207KPJ 209
1
Sira kang mandheg - mangu, Gusti nimbali.
Tiling nata, sabdanya; Gusti nimbali.
Padha mbangun turuta; tumemen ing pracaya;
gya rungokna sabdanya; Gusti nimbali.
Gusti dhawuh mring sira; padha enggal mareka;
mara sami estokna; Gusti nimbali.
2
He, sira kang kesrakat, Gusti nimbali;
karsa paring sih-rahmat; Gusti nimbali.
Sihnya tetep tan kendhat, dosanira rinuwat.
Mara ta, ndherek Gusti; Gusti nimbali
3
Lamun atimu susah; Gustinimbali.
Mareka, temah bungah; Gusti nimbali.
Sabdanya paring gesang, nuntun mring margi padhang,
myang rahayuning budi; Gusti nimbali.
4
Wong pracaya dibungah; Gusti nimbali,
wit Gusti nunggil tansah; Gusti nimbali.
Yen ketaman panggodha; dalah nandhang sangsara,
mara tetep ngabekti; Gusti nimbali.
Referensi Aransemen :
KPJ 208

Cross Reff :
KPKA 75
KPJ 207KPJ 209