Kidung
KPJ 206 Saiba Tan Dennya Gusti
Jml bait: 0
KPJ 205KPJ 207
1
Saiba ta dennya Gusti ngasihi dhateng manungsa,
ngantos tedhak maring donya, nglampahi papa cintaka.
2
Malah nrimah densedani, tomboknyawa ngrembat dosa
lan siksanira manungsa, sinuprih lumebeng swarga.
3
Saiba dennya ngasihi tyang durjana kang nalangsa,
nadyan neng salib siniksa, mlebet Pirdus sanalika.
4
Saiba dennya ngasihi dhateng kula, dhateng ndika,
de tinebus klayan rahnya, inguwalken saking siksa.
Referensi Aransemen :
KPJ 205KPJ 207