Kidung
KPJ 205 Sabdeng Allah Makarti
Jml bait: 0
KPJ 204KPJ 206
1
Sabdèng Allah makarti wradin salumah bumi.
Kita kang tinimbalan tampi kawilujengan.
2
Sabdèng Allah Hyang Widi ngrimat sagung dumadi
nuntun srana nimbali tumrap kang nyimpang margi.
3
Sabdèng Allah Kang Suci lestari nguwaosi.
ngantos jagad kang peteng nampi pepadhang langgeng.
4
Gusti nulya ngandika, "Menyanga tegalira,
panènira andadi, kang derep tan nyukupi!"
5
Panèn Paduka Gusti, mbereg kula ngenèni
temah jagad warata anampi sih Paduka.
Referensi Aransemen :
KPJ 205

Cross Reff :
KPKA 189 NR 95
KPJ 204KPJ 206