Kidung
KPJ 203 Rahayu Kang Utama Lakune
Jml bait: 0
KPJ 202KPJ 204
1
Rahayu kang utama lakune ngambah dalaning prentahe Pangeran.
Rahayu kang netepi dhawuhe; wong kang manut ing sapangrehe Gusti.
sarta tansah telatennetepi sakarsane klawan eklas ing ati.
2
Dhuh Gusti, punapa sarananya tyang nem-neman saged jujur ing lampah
kejawi dipun reh, mituruta sapangandika lan prentahing Allah?
Kawula sampun Paduka uja nyaleweng nilar pepaken Paduka.
3
Gusti mugi ngirid lampah kula manut-mituruta prentah Paduka,
datan pegat salami-laminya; kula kaparingana manah padhang.
Dhawuh Paduka kula estokna klayan eklas lan gumolonging manah.
4
Sabda Paduka minangka dilah wonten ing ngajenging suku kawula,
margi kula tansah den padhangi; dhuh Gusti, kawula sampun supaos.
Kawula tansah badhe netepi prentah Paduka klayan trus ing batos
Referensi Aransemen :
KPJ 203

Cross Reff :
KPK 36 KPKA 225 KPJ 216
KPJ 202KPJ 204