Kidung
KPJ 202 Rahayu Kang Utama Lakune
Jml bait: 0
Style: LoveSong
KPJ 201KPJ 203
1
Rahayu kang utama lakune ngambah
dalaning prentahe Pangeran.
Rahayu kang netepi dhawuhe.
Wong kang manut ing sapangrehe Gusti,
sarta tansah telaten netepi
sakarsane klawan eklas ing ati.
2
Gusti mugi ngirid lampah amba
manut mituruta prentahing Gusti.
datan pegat salami-laminya.
Kula kaparingana manah padhang,
Dhawuh Paduka kula estokna
klayan eklas lan gumolonging manah.
3
Dhuh Yehuwah, wicanten kawula,
"Gusti punika panduman kawula,
dene kawula namung sumedya
badhe netepi sadhawuhing Gusti"
Gusti mugi maringi sih-mirma
de panyuwun kawula kanthi eklas.


Referensi Aransemen :
KPJ 202

Cross Reff :
KPK 36 KPKA 225 KPJ 216

Reff Style : LoveSong ; MM 70

Reff Chord : KPJ 202
Chord KPJ 202
KPJ 201KPJ 203