1
Pangeran Mamulya yogya kula puja;
dene agung kadarmannya kang sumrambah mring kula.
Datan wonten wicalannya, tan kendhat lumintunya.
Pangeran Mamulya yogya pinuja.
Pangeran Mamulya yogya pinuja.
2
Pangéran Mamulya yogya kula puja;
déné karsa maringaken Putranipun pribadya,
dinadosken Juruslamet miwah Pamarta kula
Pangéran Mamulya yogya pinuja. (2x)
3
Pangéran Mamulya yogya kula puja;
dé tan karsa malesaken sagung klepatan kula,
malah dipun sucèkaken sarta ingangkat putra.
Pangéran Mamulya yogya pinuja. (2x)