Kidung
KPJ 199 Mara Sira Rungokna
Jml bait: 0
KPJ 198KPJ 200
1
Mara sira rungokna swaranya.
Korithinothok cetha; tilingna!
Gusti kang arsa mlebu, mara enggal wengakna!
Ywa nganti gawe cuwa; wenganana!
2
Mara sira rungokna swaranya.
Kori thinotok cetha; tilingna!
Aja padha semaya, iku gawe sungkawa.
Gusti ingkang angantya; wenganana!
3
Mara sira rungokna swaranya.
Kori tinothok cetha; tilingna!
Kang Suci, Gusti rena, ngantos ngurbanken nyawa.
Ingaturna pambagya; wenganana!
4
Mara sira rungokna swaranya.
Kori thinothok cetha; tilingna!
Yen kepengin anampi katresnan, kabungahan,
kalayan katentreman; wenganana!
Referensi Aransemen :
KPJ 198KPJ 200