1
Lampahing gesang puniki tan kalising pepalang,
nanging astanipun Gusti nuntun maring pepadhang.
Kadya langit kalimputan mendhung kandel lan mega,
ing sasirnanira tamtu padhang njingglang sanyata
Bibar jawah mijil kluwung, mengku janji prasetya;
sasisihing sisah ngantya kluwunging sih Njeng Gusti.
2
Lamun prahara anrejang, peteng ndhedhet limengan,
yakina trusing wardaya, dhatenging pitulungan.
Rumentahing sihe Allah, cihnaning kawlsannya,
awit Gusti angandika, "Aja sumlang ing driya!"
3
Aywa mangumiwah kwatir, nadyan peteng marginya,
dipun mantep ing pracaya, setya ing janjinira.
Gusti Ingkang Mahatresna, yeku tuking pitulung;
nadyan sisah kumawasa, Gusti tansah anjangkung.