Kidung
KPJ 195 Kula Datan Badhe Nrimah
Wij Geven Het Niet Over
Petrus Johannes Moeton, 1837 Johann Michael Haydn, 1737
Johann Michael Haydn, 1737
Jml bait: 3
KPJ 194KPJ 196
1
Kula datan badhe nrimah, datan badhe rila,
pepadhang saking Yehuwah tinampik prajalma.
Tan badhe sabdeng Allah pikekah kawula
sinrahken dhateng mengsah kang ambek daksiya.
2
Sabdeng Allah gung piguna mring sepuh-anema.
Kang ringkih sinantosakken, lesah kiniyatken.
Tyang kang wangkot ing manah nulya dados lembah;
samya dadya sembada wit sabdeng Kang Kwasa.
3
Ing manah kula sinerah sabdanipun Gusti,
mrih kula kanthi urmat setya ing prajanji.
Sanadyan ardi goyah, jagad badhe sirna,
nging sabdaning Yehuwah langgeng ing tyas kula.
 
Referensi Aransemen :
KPJ 195

Cross Reff :
KJ 54 KK 358 BE 279 KPKA 196 NR 84
KPJ 194KPJ 196