1
Kadi wanita aneng pinggir sumur; ngono ngoronging nyawaku.
Aku krungu Gusti ngandika, "Padha ngombea banyuning urip!"
Adhuh Gusti, kepareng paring jejampi ngorong ing wardaya
wah tetedhan, murih tuwuking nyawa, kang njalari gesang enggal kula.
2
Tan winilang kang padha nganti-anti nikmating urip neng donya;
nging sengsara bisa nandhingi Yesus Gusti, yeku Sang Pamarta.
3
He, pra kanca, aja nuruti harda mung mburu barang kang nglaha.
Balik padha sowana Gusti di padha kanthi tulusing driya.