Kidung
KPJ 19 Pamuji Konjuk Gusti
Jml bait: 3
Style: FinalWaltz
KPJ 18KPJ 20
1
Pamuji konjuk Gusti kang nitahken jagad raya,
wit siyang dalah ratri tansah luber sih rahmatnya.
Nadyan ta jagad sirna, sihnya langgeng slaminya.
2
Pamuji konjuk Gusti nggih Allah Kang Mahamirah,
pra umat kang ngabekti tinuwukken klayan berkah,
salir ingkang pinanggya dados margining begja.
3
Pamuji konjuk Gusti Hyang Maluhur, Mahasuci,
kang nucekken manungsa srana tinebus sing dosa,
wah tinuntun mring swargi, mrih kraharjan sejati.
 
 


Referensi Aransemen :
KPJ 19

Reff Style : FinalWaltz ; MM 100

Reff Chord : KPJ 19
Chord KPJ 19
KPJ 18KPJ 20